Kamis, 03 Maret 2011

ngejowantah

Titah kang wujud manungso iku,wus tinakdir ake dadi makhluk kang sempurno.
sak liyane ponco indro,manungso di kompliti akal.
kanthi akal iki manungso iso bedak ake endi kang luput lan endi kang bener.

nanging kenopo?
kadang kolo susah bedak ake endi kang bener lan endi kang luput?
akal kang sajiwo ono rogone manungso mau,keno di arani modal mungguhing titah.

ono sak jrone lumaku yo iso wae modal mau malah bablas tanpo tilas,nanging ugo ono kang babar tumangkar,ngremboko jroning rogo,lan sak banjure migunani tumrap marang awake dewe lan sak kiwo tengene.

akeh sing iso di sawang
titah kang ngejowantah koyo dene malaikat ning sak temene setan keparat
ono kang ngejowantah koyo gembel kang nglemboro nanging itine suci
ugo ono titah kang jobo lan jerone padho sucine.

ngejowantah iku gambaran kang iso kadeleng kanthi mripat waloko.
iku gambarane jiwo kang kawujud ake kanti prilaku saben dinane.
sumonggo kados pundi anggen kito ngejowantah aken jiwo kita,mrih migunani tumrap sapodo podo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar