Rabu, 02 November 2011

Guru itu mati di tangan Muridnya

Resi Bargowo,maha guru kang kaloka...
kuncoro sak endenging bawono jroning jagad pewayangan.....
Arum angambar ngambar nganti tumekaning deso ngadeso.
akeh kang podo tumeko pengen ngangsu kawruh lan kadigdayan

Bismo,ora ketinggalan age age dandan ugo pengen ngangsu kawruh marang sang maha guru
jroning ati wus bulat tekate,ora bakal mundur lamun durung entuk kawruh kang migunani tumrapawake.
Yo mesti wae kanti niat kang kuat lan usaha kang tanpo ngrasak ake kesel,Bismo kang bodo dadi pinter.
bismo kang minder margo asale songko karang pradesan dadi Bismo kang anduweni roso kapercayan.
dadi digdoyo margo anggone olah kanuragan....
prasasat jalmo limpat seprapat tamat.

hanamung sak wuse Bismo dadi pinter samubarange,banjur tuwuh sifat kang olo....
Nantang marang gurune adu kasekten....ngene ucape...
Heee bargowo wus tamat anggonku ngangsu kawruh marang kowe,sak iki endi sing kuat ? aku opo kowe.
Yen kowe lanang tenan ayo metu menyang Blabar kawat adu athosing balung uleting kulit.

Kelakon wong loro podo adu kasekten.....
yo mesti wae resi Bargowo kalah margo umur wus dungkap 70 an....
resi Bismo gugur,pejah jrebabah depani bantolo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar